Sabtu, 30 Mei 2009

JAMAN EDAN AJA MELU-MELU EDAN

Pujangga agung Raden Ngabehi Rangga Warshita duk rikala samana nate paring pepeling lumantar tembang Sinom kang unine mengkene :
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan ora tahan
Yon tan melu anglakoni
Ora keduman melik
Kaliten wekasanipun
Ndelalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling klawan waspada

 Senajan pepeling mau wis tinulis atusan taun kepungkur, nyatane nganti saiki esih tetep jumbuh menawa diterapake kanggo ngadhepi owah gingsire jaman.
 Suwatara wektu kepungkur Kutha Tegal geger gara-gara luwih saka 20 nyawa ilang amarga ngombe ciu oplosan. Kadadeyan kaya mengkono iki wis nate wola-wali kito sakseake lewat layar tivi dumadhi ing kutha-kutha liya.
 Adoh sadurunge ing Kutha Pati nate kadadeyan ana siswi-siswi SMA kang ngaku geng Nero pamer atosing balung wuleding kulit, main jotos-jotosan kaya preman.
 Esih akeh tuladha liya kang nggambarake menawa jaman iki jaman edan. Ing jagad politik luwih edan maneh. Nanging liwat tulisan iki kula mung mbatesi masalah kang ana sambung rapete karo uripe para mudha, utamane para pelajar.

Eling lan Waspada
 Tugase pelajar mono mestine ngangsu ing bangku pamulangan. Kadidene pelajar, embuh ing pamulangan endi bae, temyu ana tata krama kang kudu diugemi. Umpamane, kudu nganggo seragam kang rapi, kurmat-kinurmatan karo kanca, ngajeni para guru, lan sapiturute.
 
 Anane tata krama mau mestine kanggo nggulang kepribadiane siswa supaya dadi menungsa kang ora mung pinter nanging uga nduweni kepribadian kang pinuji.
 Emane, jaman saiki akeh pengaruh liwat layar tivi kang asring didadekake conto dening para mudha tanpa milah-milihake endi kang pantes ditiru lan endi kang saru. Akibate ya kaya critane genk Nero ing Pati mau.
 Kita kudu tansah eling menawa tayangan tivi utamane sinetron-sinetron remaja kae akeh segi negatipe tumrap penonton ketimbang segi positipe.
 Coba prisani! Sekolah ngendi kang ngajarake siswane nganggo seragam sakarepe dhewe, klambine ora dilebokna nyang njero clana utawa rok? Sekolah ngendi kang siswane bis adu jotos nang ngarepe guru-guru nanging ora kena ukuman? Aja kok sekolah kang bonafid, sedheng sekolah kang siswane ora genep satus bae mesthi ngetrapake tata tertib sekolah apa mestine.
 Sawatara pelajar ana kang gampang anut grubyug, niru-niru ombyaking jaman, supaya diarani modern nanging padha lali menawa sing aran modernitas iku dumugi ana ing pola pikir, dudu ing tindhakan kang njalari cilakane liyan utawa njalari kaduwung. Tawuran iku jelas dudu cirine wong modern. Ngonsumsi narkoba semono uga. Aja gampang melu-melu mung supaya diarani modern.
 Jaman iki pancen jaman edan. Nanging kita kudu eling pepeling Rangga Warsita, sebagja-bagjane wong lali kuwi isih tetep luwih begja kang tansah eling lan waspada.<mirza m.>


0 komentar: