Sabtu, 03 November 2018

MANUSKRIP SEDOLOGI BANJARNEGARA

Begini kondisi manuskrip Sedologi

Manuskrip Sedoloji, begitu saya menamakan temuan naskah manuskrip yang saya peroleh dari kuncen (juru kunci) Makam Tumenggung Mangun Yudha Sedologi Banjarnegara. Bisa jadi mungkin kurang tepat, karena nyatanya setelah dialih tuliskan, secara garis besar, isi menuskrip ini bukan tentang Makam Sedologi. Berikut kurang lebih alih tulisnya


KACARIYOS TEDHAKIPUN SAKING GIRI GAJAH

Giri gajah putra ingkang sepuh Sunan Serapan ingkang jejuluk Prabu Jaka. Milanipun jejuluk Prabu Jaka awit anggenipun jumeneng wali maksih jaka, panggulu Pangeran Giri Wasiyat panengah Pangeran Giripit weragil Nyai Sekati sangking Kanjeng Pangeran Jaka utawi sangking Prabu Jaka utawi sangking Pangeran Giri Kedhaton, kasigeg boten kacariyos.

Mendhet sangking cariyosipun Pangeran Giri Wasiyat ingkang rayi Pengeran Giripit Weragil, estri nami Nyai Sekati ingkang wonten kali glagah. Kacariyos putra ing Giri Gajah ingkang 3 wau.
1.      Sunan Giri Wasiyat;
2.      Pangeran Gripit;
3.      Weragil, Nyai Sekati;


Kadhawuhan ingkang rama kapurih medaraken agama islam, utawi angu pados pancah amedharaken wiji. Sasampunipun kaidin sangking ingkang rama, enggal sami pangkat tiyang agung katiga estri wau langkepipun sekawan. Putranipun Pangeran Gripit ingkang sami tindak tiyang tiga wau, sami kalunta-lunta tindakipun, boten kacariyos anglaminipun dumugi ing Selamanik, lajeng dumugi ing dalemipun Panembahan Selamanik, kalebetaken ing dalem agung, lajeng wonten ing ngriku dalem Agung Gripit, angangluh awrat saliranipun, anunten kang rayi Nyai Sekati matur dhateng ingkang raka Pangeran Giri Wasiyat, “Kang mas kawula ngaturi uninga ing panjenengan, kang mas Gripit gerah saliranipun,”
4.      Kyai Semarang; sedaya putrinipun Raden Beijanah gumantos dados adipati ugi wonten ing marli peputra 20.
1.      Ngabei Kaligemuk, gumantos dados adipati lajeng pindah kerajan dhateng Karang Kamal, lajeng putra Raden Ngabei Jamang ugi gumantos dados Ngabei Maksih wonten ing Karang Kamal, lajeng krama putri redi lalewa Giripit, katelah putri gunung putih, kagungan putra 8 ingkang sepuh nami Yudanagara Kogum Seda Masjid.
2.      Raden Ngabei Banyak Wide Banjar Watu Lembu
3.      Raden Ngabei Mertayuda kaping II peputra 5
4.      Kyai Kedung Wuluh
5.      Kyai Tirta Yudha putra 7
Kyai Sura Yudha putra 8

Kyai Merta Menggala sedanipun ingkang rama ingkang gentosi Dipati Yuda Nagara kanggum Seda Masjid putra 6.
1.      Raden Gandakusuma
2.      Estri Ngabei Mangunyuda 2 rama gumantos Raden Gondakusuma
3.      Estri Ngabei Wangsanagara pindhah nama Yuda Nagara seda pandhawa
4.      Kyai Sumayuda
5.      Kyai Satradirana
Inggih punika Yudanagara ping II peputra 6
1.      Raden Ngabei Kendhuruwan
2.      Raden Ngabei Gandakusuma ping II
3.      Raden Ayu Kartanagara
4.      Raden Ngabei Dipayuda

Sedanipun ingkang rama ingkang gantos Raden Gandakusuma ping II nami Yudanagara putra jumeneng patih sanajan Patih Mangun Ngayogyakarta.
Pindah Adipati Danurjana, Adipati Danurjana putra 4.
1.      Raden Gandakusuma ping III
2.      Raden Merta Wijaya
3.      Raden Ngabei Ranu Wijaya
4.      Putri nami Nyai Mangkudirana
Raden Gandakusuma ping III gumantos ingkang Toya Mas, pindah nami Yudanagara peputra 5
1.      Raden Gandakusuma ping IV
2.      Raden Ngabei Merta Kusuma ing Meranggen
3.      Raden Ayu Mangkubumi
4.      Raden Ayu Panji ing Banjar

Papunden Dusun Pasarean
1.      Kyai Patelutan, kakung putri ingkang sisih ler
2.      Raden Mangunyuda Loji
3.      Raden Mangunyuda Ladak

Pundhen Dusun Tegal Singkir (Banjarmangu)
1.      Raden Mangunyuda Mukti
2.      Mas Ajeng Mangunyuda Ladak
3.      Raden Ngabei Mangunbrata
4.      Raden Ngabei Mangunsubranta
5.      Raden Ngabei Mangunyuda seda bedhil, putra Raden Cakrayuda
Mangsuli cariyosipun nyaba kalurahan, putra Kyai Jaga Wedana Suci
Kyai Jaga Wedana Suci Putri
Kyai Jaga Kanduwuran Rasa

Kyai Jaga Kanduwuran Rasa putra Kyai Kanduwuran Jati, panegar putra Ngabei Krama Yuda Rangga Pakuncen.
1.      Ngabei Sutakarta
2.      Ngabei Sutajaya
3.      Ngabei Sutadita
4.      Ngabei Sutamerta Banyak Wide

Sapunika anyariosaken Pangeran Jamdukaring, kakung sangking Ratu Pejajaran. Amartapa wonten Padiwa Guru Gunung Cahyana Grantung boten kacarios laminipun. Lajengipun panggih ing Pangeran Kangjeng Putih wonten kabekta wangsul dhateng Pukuredi Cahyana lajeng lumebet agami islam. Sasampunipun islam lajeng kependhet mantu dhateng Tuwan Kanjeng Putih, kang rayi nami Siti Rubiyah. Sasampunipun pinanggih kakung putrinipun, paringi nami Pangeran Antasangin, lajeng peputra nami Makdum Kasan. Makdum Kasan lajeng peputra Makdum Cirebon, Makdum Cirebon peputra Ngumar, Pulo Karmun. Dewi Rubiyah kang raga celaka lurah kana, Karang Buwang.

Mangsuli carios sangking Makdum Kusen Raja Wana peputra Makdum Jawa ing Wirasaba, Pekalongan. Peputra mantu Makdum Wahyana Pangeran sumare ing Toyamas Wetan.

Kacariyos Raden Semangun sami Dipati merapat pindhahipun sangking Wirasaba dhateng ing Malang ing Toyamas, kagungan putra 4.
1.      Nami Ngabei Jonah
2.      Estri nami Selanwaka
3.      Estri nami Nyai Wirasaba
Sami pangkat tiyang agung tetiga estri sangking kasenet mengaler ngetan lampahipun boten kacariyos laminipun. Lajeng dumugi ing paweden ing ngriku wonten tiyangipun Sasomah naminipun Kyai Mertadiwangsa ingkang gadhahi dusun paweden kaliyan randa satunggal.

Boten kacariyos laminipun, tiyang agung tetiga estri sami wangsul mangidul urut lepen Mrawu anjog ing dhusun Kasenet. Lajeng ngaso wonten ing Banjaranyar wonten malemipun. Kyai Maliyo boten kacariyos laminipun, sami tindak mangilen mangidul anjog ing dhusun Linggasari ngaso sadalu, lajeng terus mangilen anjog Sembada Pengeran Giri Wasiyat angandika dhateng kang rayi Pangeran Gripit, bumi iki teka pantes sun arani si sembada ngungkurake gunung ngarepe kali.

Kang rayi matur inggih prayoginipun sembada, nunten sami damel tarub ron mepus lan ron akrik minangka pondhok, sami mikir pancah kang den rembag. Pangeran Giri Wasiyat angandika dhateng ingkang rayi sakaliyan, dhukuh iki sisedya dasun gawe sangang puluh kurang loro ingsun kang anduweni wancah. Kari yayi para lan yayi Sekati kang durung ulih wancah. Angandika Pangeran Giri Wasiyat dhateng ingkang rayi Pangeran Gripit, “Yayi mas, kari yayi Sekati kang durung ulih wancah. Goletna wancah kang prayoga,” kang rayi matur sandika dherek sakersanipun kang mas.

Boten kacariyos laminipun tiyang ageng tetiga estri lajeng pangkat ngaler ngetan lampahipun urut lepen Mrawu manginggil, dhateng kasenet, dhateng griyanipun ingkang putra Kyai Maliyo, Banjaranyar Pakuncen. Lajeng sami ngaso, boten kacariyos laminipun, lajeng pangkat malih mangilen ngetan urut lepen, kalunta-lunta lampahipun. Anjog tempuran lepen urang manjat anjog ing pawedhen. Damel tetarub kangge pondhok, sami rerembagan tiyang agung tetiga estri, sami ngaso wonten pawedhen, mila katelah pawedhen, boten kacariyos laminipun, lajeng sami pangkat malih ngetan nyebrang lepen. Pangeran Gripit Matur Dhateng ingkang raka, “Kangmas kados pundi toya punika mambet amis, wonten punapa wa yayi mas dak duga ana wisa mati ing dhuwur nunten dipun turut manginggil yektos wonten wisa pejah buntut wonten toya, weteng ugi wonten toya, sirah enten ing darat. Mila katelah lepen amis mila wangsul manjat ngetan, wonten ing ratan wonten peksi mungel, Pangeran Giripit matur ingkang raka, “Kang mas kados pundi wana agung kowonten kenor mungel, kang raka mangsuli, “Yayi mas iku dudu kesong manuk perkutut kang muni, mila ing ngriku katelah si kenong nunten wangsul tumedhak tiyang agung tetiga estri anjog ing lepen Mrawu. Nurut lepen manginggil, badhe minggah sela ageng sami kendel, raosipun awrat, utawi dhaharipun Pangeran Giri Wasiyat, lajeng angandika dhateng ingkang rayi Nyai Sekati, “Sekati, kang mas mu takonana, olehe mangan setahun kaping pira.” Nyai Sekati lajeng matur dhateng ingkang raka Pengeran Gripit, “Kang mas dhawuha, dipun dhawuhi matur dhateng panjenengan, anggen panjenengan dhahar kaping pinten setahun.” Pangeran Gripit mangsuli dhateng kang rayi Nyai Sekati, “Aku olehe mangan ping 3 setahun, saulih ing jempol,” Nyai Sekati lajeng matur dhateng ingkang raka Pangeran Giri Wasiyat, “Kang mas Gripit anggenipun dhahar kaping 3 setahun, saangsalipun jempol,” Pangeran Giri Wasiyat lajeng angandika dhateng ingkang rayi Nyai Sekati, “Dene kaya cucak temen si Gripit, olehe mangan kaya dudute saking giri, “Lah kowe ping pira Sekati? Dene kula ping 2 sataun, saangsalipun jempolan panuduh,” Pangeran Giri Wasiyat angandika dhateng ingkang rayi Nyai Sekati, “Kowe padha lawan ingsun sataun sapisan, sapa koleh ing jempol,”. Kacariyos anggenipun ngaso wonten ing Selamanik angsal 4 dalu, wanci bangun raina sami pangkat saking selamanik, mangilen lampahipun, boten kacariyos laminipun, lajeng anjog ingkang barepen, sami kendel ngaso, sasampunipun aso lajeng sami pangkat malih.

Nawab ing lepen Mrawu, dumugi ing sabrang kilen urut lepen manginggil dumigi ing Banjaranyar sareng dumugi ing Banjaranyar Pekuncen, sami kendel sami penggalihan  tiyang agung katiga estri wau, Pangeran Giri Wasiyat angandika dhateng ingkang rayi Pangeran Gripit, “Yayi mas, anak para iku trimakna maring wong bumi kang ambubak sembung sengganine si Banjaranyar Pakuncen. Kang rayi Pangeran Gripit matur sandika dherek sakersanipun kang mas, lajeng katrimakaken Nyai Barep dhateng tiyang bumi ingkang ambubak sembung sengganinesi Banjaranyar Pekuncen, ingkang nami Kyai Maliyo utawi Kyai Perbigi, sasampunipun pinanggih kakung rayi kersa dipunparingi nami Kyai Maliyo. Boten kacariyos laminipun tiyang agung tetiga estri wau sami pangkat mangilen anjog ing Linggasari, nunten wangsul ngaler ngetan. Anjog ing kasenet, wonten ing ngriku sami kendel damel pondhok ron tepus lan ron akrik kadamel tatarub. Wonten ing ngriku tiyang agung katiga estri wau sami pasenetan ing panggalih pancah ingkang dipunrembag, mila ing ngriku katelah kasenet sabab asal mau tiyang agung katiga estri saweg sami kuipasenet taning pikir, Pangeran Giri Wasiyat angandika dhateng ingkang rayi Pangeran Gripit, yayi mas pancah rolas si Banjaranyar Pakuncen sira kang anduweni, wangsulanipun Pangeran Gripit inggih sandika keri ingsun lan Sekati kang durung anduweni, sasampunipun dados ing pikir. Lajeng Nyai Sekati matur dhateng Mas Katiwasan, kula kecojog ing ngeri wana deprok wonten wepi, sami dipun entosi dhateng ingkang raka sekaliyan, sami pinarak wonten ing sela, Nyai Sekati matur dhateng ingkang raka, “Kadospundi kang mas, sampeyan tiyang jaler saged malumpat, wangsul kula tiyang estri boten saged,” Pengeran Giri Wasiyat angandika, “Yayi, sira iku kaya dudute dhak linggiri, dene kewuhan perkara samono, teteken pring ampel iku gawean sira sabetake ing banyu ping 3, nunten Nyai Sekati nyabeta kentekenipun ping 3, amegeng napasipun, toya badhe asat, lajeng lumumpat Nyai Sekati amipir Sela Ageng, sareng jumeneng Nyai Sekati mesta saking toya Geprok wonten ing darat, Nyai Sekati samparanipun kasusuben ing eri lajeng ingkang raka sakaliyan sami nedhak saking Sela Ageng sami mirsani sarta mendet erinipun, sasampunipun kenging angandika, Pangeran Giri Wasiyat, yayi ingkang diarani eri wana Pangeran Gripit wangsul ngiwa inggih leres, ingkang nami riwana, mila ing ngriku katelah buwana, lajeng terus manginggil turut lepen Mrawu anjog ing Sela Gilang sami kendel, damel tetarub, ronte pup, ron angkring kakadamel pondok, nunten sami ngaso tiyang agung tetiga estri wau, Pangeran Giri Wasiyat angandika, “Bumi iki cacah rolas, gedhong yayi para Nyai Sekati kang duweni, matur nuwun inggih prayogi, rayi matur sewu jurung bingah sakersanipun kangmas,” nunten angandika Pangeran Giri Wasiyat, dhateng ingkang rayi Nyai Sekati, “Sira sun janji sajrone 3 taun, aneng Sela Gilang iki ora kena lunga-lunga, mepeti babahan hawa sanga, mati badan, yen wis tutug, 3 tahun, jodho sira teka dhewe,” Nyai Sekati matur sandika “Sampun dumigi sakit pejah kula lampahi, manawi kersanipun kangmas mekaten.” Sasampunipun dados rembag ingkang mekaten, telas welingipun, lajeng sami wangsul tiyang agung kekalih mengilen turut lepen Mrawu, manjat si Kenong anjog pawedhen, tiyang agung kalih sami tedhak, nyabrang lepen lurang kirsanipun sami medal darat, sami manjat ngidul, ngidul ngilen, anjog kasenet, lajeng medal Linggasari anjog ing Banjaranyar, sami pinarak ing dalemi puningkang putra Kyai Maliyo, saengga kalih dalu kalih dinten, angandika Pangeran Giri Wasiyat dhateng ingkang rayi Pangeran Gripit, “Yayi mas, ingsun sira jujugna menyang sembada, arana wancah ingsun arep ingsun tunggoni sira sun pernahake ing kasenet, pancah rolas sira tunggawa,” kang rayi Pangeran Gripit matur sandika, nunten sami pangkat tiyang agung 2, saking kasenet lajeng ngilen, boten kacariyos lampahipun.

Rawuh ing sembada, sami pinarak ing griyanipun Ki Marta Diwangsa ing Sembada, sami pikiran  ing rembag, awit sonten dumugi dalunipun, sareng enjang kang rayi Pangeran Gripit matur nyuwun pamit wangsul dhateng kasenet, kang raka mangsuli, “Iya, mangsa bodhoa, aku ora jujugake, wis pitaya cacah rolas si Banjaranyar sira tungguwa, kang rayi matur sandika,” lajeng Pangeran Gripit enggal pangkat kundur ing kasenet utawi Banjaranyar Pekuncen.

Kacariyos putranipun Pangeran Giri Wasiyat kakung 5 putri 9. Putra kakung ingkang sepuh nami Kyai Wana Bangsa, putra kakung ingkang no. 2 nami Kyai Joko Wedana, putra kakung ingkang no.3 Puwakecasa, putra kakung ingkang no.4 Jaga Wedana Dampingan, putra kakung ingkang no.5 Jaga Wedana Pucang.
Putra putri
1.      Nyai Wirangin
2.      Nyai Mantri
3.      Nyai Wirakati
4.      Nyai Trogati
5.      Nyai Lurahan
6.      Nyai Kumitir
7.      Nyai Andala
8.      Nyai Arsagati
9.      Nyai Anggakusuma

Wayah Pangeran Giri Wasiyat putra saking Kyai Wira Bangsa 4
1.      Kyai Gunung Arum
2.      Kyai Badrayuda

Kyai Gunung Arum putra 2 putri
1.      Nyai Masigit
2.      Nyai Kangjiwaru

Nyai Masigit Jambangan putra 3
1.      Nyai Sutamarta

Kyai Arsagati Wanakarsa putra
1.      Nyai Said
2.      Nyai Malim
3.      Kyai Sastrarudin

Nyai Masigit putra malih kamantu Panembahan Jambangan, gumantung putra 3
1.      Kyai Ibrahim
2.      Kyai Nurdita
3.      Kayi Maksum

Kacariyos Kyai Pardite peputra 5
1.      Kyai Jakalipah
2.      Kyai Bardangi
3.      Kyai Nurambiya
4.      Kyai Rapingi putra estri 4
4.1  Nyai Jakariya
4.2  Nyai Nurkatami
4.3  Nyai Amad Sangi
4.4  Nyai Jayasupin

Kacariyos Kyai Ibrahim putra 7
1.      Ingkang sepuh nami Nyai Kaji Rajudin
2.      Kyai Durmaim Rejasa
3.      Kyai Ngabdurohman
4.      Kyai Ibrohim ping 2
5.      Kyai Nurjan
6.      Kyai Nursalim
7.      Kyai Amad Iman

Kacariyos Kyai Nurmakim Rejasa putra 5
1.      Kyai Nurkalam
2.      Kyai Amad Jilana
3.      Nyai Sangka
4.      Nyai Kaji Polemtang
5.      Kyai Nurjan


Kacariyos Kyai Nurjan putra 8
1.      Nyai Gelathik
2.      Kyai Nurjan
3.      Kyai Kaji Ngabdurahman
4.      Kyai Ngabdul Latif
5.      Bagus Ketadi Krama
6.      Nyai Madya Krama
7.      Mdok Jedor
8.      Bagus Istad

Kacariyos Nyai Maksum ngeputra 3
1.      Kyai Wirabaya
2.      Kyai Kamaludin
3.      Kyai Mukid

Kacariyos Nyai Kaji Waru putra 3
1.      Nyai Salim
2.      Nyai Santaruna
3.      Nyai Ahmad

Kacariyos Nyai Salima putra 3
1.      Kyai Ngaripudin
2.      Nyai Jakem
3.      Nyai Mukid
4.      Nyai Sangacandra


Kacariyos Nyai Ahmad
Nurunaken Nyai Muhammad
Nyai Mupragimad nurunaken Kyai Muhammad Kangmas Petih.
Mangsuli cariyos saking Panembahan Dhucaketasa, peputra 2
1.      Ingkang sepuh panembahan Sutakerta
2.      Nyai Jebeng. Nyai Jebeng putra 3
2.1  Kyai Brajasuta
2.2   Kyai Astajaya
2.3  Kyai Kaji Waru kapendhet mantu Kyai Gunung Arum
Mangsuli cariyos saking Panembahan Jaka Wedana Salingsingan putra 3, ingkang sepuh
1.      Kyai Kertawedana
2.      Kyai Tanawangsa
3.      Kyai Wangsa Menggala

Kacariyos Kyai Mertawedana putra 2
1.      Kyai Mertawangsa
2.      Kyai Sutamerta

Kacariyos Kyai Mertawangsa putra 3
1.      Nyai Pernawangsa
2.      Kyai Tanawangsa
3.      Kyai Wangsa Menggala

Kacariyos Kyai Mertawedara putra 11
1.      Kyai Wangsadinawa
2.      Kyai Dita Wedana
3.      Kyai Astra Wedana
4.      Kyai Nursan
5.      Kyai Muhammad
6.      Kyai Pursaiman
7.      Kyai Nursalim
8.      Kyai Mertawedana
9.      Kyai Wirajaya
10.     Kyai Arsadiran
11.     Kyai Nuridin

Kacariyos Kyai Muhammad putra Kyai Muhammad Petih kapendhet mantu Kyai Kangji Ibrohim.
Kacariyos Nyai Wirabaya peputra 3. Nyai Kaji Ibrohim 2 Nyai Mertawedana 3 Nyai Kaji Ibrohim 4 Kya Muhammad Pekih
Kacariyos Astra Wedana putra Kyai Nurkatam ing Parakan.
Kyai Wangsadenama nurunaken Suradinama + Nursaman
Kyai Nursaman
Kyai Ngaling nurunaken, Nur Nyai Nurudin
Kyai Amad Ngarim, Nurunaken
Kyai Dita Wedana

Kyai Nursaiman nurunaken
1.      Udaprana, udaprana nurunaken Kramayuda
Kramayuda nurunaken Mulyadikrama

Kyai Mertawedana nurunaken Kyai Nayawedana,
Kacariyos Kyai Tanawangsa nurunaken 4
1.      Kyai Purasa
2.      Nyai Amir
3.      Kyai Kaji Umar
4.      Kyai Suud

Kacariyos Kyai Amir nurunaken 8
1.      Kyai Muhammad Kasan
2.      Nyai Muhammad Sidik
3.      Kyai Jakariyah
4.      Kyai Nurkasan
5.      Kyai Nursada
6.      Kyai Muhammad Pekih
7.      Kyai Sangid Muamad
8.      Nyai Arsawirana

Kacariyos Kyai Sutakerta semah ing kesesi putra 4
1.      Kyai Kongsi
2.      Kyai Kyai Nursalim. Kacariyos Kyai Dipati Tonjong putra 1
3.      Kyai Baniyah Raden Ngabei Tonjong
4.      Nyai Badrarudin

Gantosa ingkang kacariyos, koca 6 Pangeran Gripit Krama Lindhungan, putra kakung 1 nami Ngabei Sutakerta. Sumare ing Pakuncen, nalika sugeng jumeneng Ngabei Banjaranyar.

Garwa ingkang nem saking Slepa. Putra kakung 1 nami Kyai Linggajaya. Anurunaken Kyai Linggamerta. Sigeg, Kyai Linggajaya, kacariyos Ngabei Sutakerta putra 2
1.      Kakung nami Ngabei Sutadita
2.      Putri nami............................. dipun karamaken kaliyan putranipun Kyai Pamelukan.
Sasampunipun pinanggih kakung putri lajeng dipun paringi nami Ngabei Sutajaya, kagungan putra 5, ingkang sepuh nami
1) Panembahan Mertayuda Toyamas
2)      Nyai Nayapraya
3)      Kyai Cakramenggala
4)      Kyai Sutajaya ping 2
5)      Kyai Sutakerta ingkang nurunaken Patramenggala Medayu.

Kacariyos Kyai Sutajaya ping 2 nurunaken Nyai Dirpanaya. Kyai Derpanaya putra 2, ingkang sepuh nami Kyai Dayajaya ingkang nem, nami Kyai Jakariyah. Kacariyos Kyai Cakra Menggala peputra Nyai Kaji Ibrohim, lajeng putra Nyai Kaji Rajudin.
Kacariyos malih Nyai Jagapraya peputra 2
1.      Nyai Cakrasuta
2.      Nyai Naya Taruna ing Pesanggrahan
Nyai Naya Taruna peputra Nyai Kemprong, Nyai Kemprong semah Kyai Ditasuta

Kyai Dutasuta nurunaken wedana Sinceh kaliyan Kyai Suranangga. Kyai Suranangga peputra Kyai Surawedana. Kacariyos Kyai Cakrasuta nurunaken 3
1.      Ingkang sepuh nami Cakrawangsa
2.      Ingkang sepuh nami Cakrabuna
3.      Estri nami Nyai Sutanangga

Mangsuli cariyosipun Embah Martayuda Toyamas dhaup putra Gunung Wangi lembah Martayuda ingkang peputra 3
1.      Kakung nami  Kyai Tumenggung Kosum
2.      Kyai Ngabei Banjar ingkang katelah Raden Ngabei Kartayuda
3.      Kyai Ngabei Kertasura
Kacariyos Kyai Tumenggung Kangdum (Wirabangsa) peputra Raden Tumenggung Mertayuda ping 2 Banyumas. Tumenggung Mertayuda ping 2 peputra Kyai Tumenggung Yudanagara I, Kyai Tumenggung Yudanagara putra Raden Tumenggung Yudanagara ping 2, Kyai Tumenggung Yudanagara ping 2 putra Den Tumenggung Dipati Danurjan, inggih punika Yudanagara ping 3 ingkang kekasih Raden Lempungkeras.

Mangsuli cariyosipun Kyai Sutadita peputra 2
1.      Kyai Mertasuta
2.      Kyai Mertadita

Kyai Mertadita peputra estri mendhet garwa Raden Ngabei Kertayuda Banjar pinanggih misanan kapernah kakang Nyai Banyakwide peputra Raden Ngabei Mangunyuda Loji.
Ngabei Mangunyuda Loji putrane Raden Ngabei Yudaladak
Ngabei Mangunyuda Ladak putrane Ngabei Mangunyuda.
Ngabei Mangunyuda Mukti putrane Ngabei Mangunyuda
Seda Bedhil putrane Ngabei Asungbranta

Mangsuli cariyosipun Nyai Mas Sigit peputra Ngabei Denok. Ngabei Denok putra Raden Ngabei Dipayuda Seda Perang. Raden Ngabei Dipayuda Seda Perang putra Raden Ngabei Dipanegara.
Raden Ngabei Dipanegara putra Raden Tumenggung Kasepuhan.
Kacariyos Kyai Nurambya boten peputra
Kyai Muhammad Supingi putra jaler 1 estri 1
1.      Ingkang jaler nami Jayawasita
2.      Ingkang estri boten menapa keteg kauman Banjarnegara
3.      Boten Kanjeng Ngali Munjuk
4.      Boten Lurah Karangkobar ingkang medal sangking selir
1.      Mbok Ngabdurahman
2.      Mbok Ngali Pustapa
3.      Bagus Kutadiwarya
4.      13 Binjer
5.      Bagus Kamarun

Kacariyos Nyai Jayasudita putra 3
1.      Mbok Nurjan
2.      Mbok Sarmani
3.      Nyai Maali

Kacariyos Nyai Amadsangi peputra 5
1.      Jaler nami Kyai Mandusun
2.      Mbok Rollah
3.      Mbok Dipayuda
4.      Kyai Jenab
5.      Kyai Cadikrama

Sareng jujug kaliyan Kyai Nurkatam 2 turunanipun
1.      Mbok Kasim Modim
2.      Kyai Nur Mukhamad

Kang kacariyos Kyai Nurkatam peputra 5
1.      Kyai Wira Menggala
2.      Kyai Kaji Mukhamad Rangudin
3.      Kyai Ngabi Musa
4.      Mbok Sori
5.      Kyai Suratanam Karang Bawang mandhor kunci

Kacariyos Kyai Jubariyan peputra 7
1.      Kyai Ketub Iman
2.      Kyai Gemak
3.      Kyai Inggoyuda
4.      Kyai Amad Anom
5.      Kyai Ngali Mukhkangmad
6.      Kyai Jakanguli
7.      Ingkang kapendhet anak dhateng Pak Kyai Jeweng ing Totogan

Amangsuli cariyos saking embah Nyai Sekati ing kali Glagah, peputra 9 kakung 3 putri 6
Ingkang kakung 1 Kyai Gedhong ingkang sumare ing Sumber Leksana
Ingkang kakung 2 Kyai Patra Jaya ingkang sumare ing Sumber Leksana
Ingkang kakung 3 Kyai Binangun putra estri
Ingkang estri 1 Nyai Jakem ingkang sumare ing Sumber (Batur)
Ingkang estri 2 Nyai Cakra Menggala ingkang sumare ing Kedhu Darakan
Ingkang estri 3 Nyai Dipa Menggala ingkang sumare ing Giri Sepuran
Ingkang estri 4 Nyai Patra Menggala ingkang sumare ing Punggelan
Ingkang estri 5 Nyai Arsa Menggala ingkang sumare ing Raga Sela
Ingkang estri 6 Nyai Gunungsari ingkang sumare ing Pagar Welah

Pratelan kawontenanipun satunggal 9 ing pepundhen ingkang wonten dhusun 9 utawi wonten salebeting ambeling Banjar sarta katerangaken asmanipun
1.      Pangeran Giri Wasiyat sumare ing Dagan
2.      Kyai Kaji Waru sumare ing Dagan
3.      Pangeran Melang sumare ing Dagan
4.      Panembahan Pituruh sumare ing Dagan putra murid
5.      Pangeran Tugu sumare ing Dagan

Murid Panembahan Semeru, Nyai Muhammad, estri wayah Panambahan Semeru, Kyai Muhammad Pekih kunci ingkang sumare ing Gunung Langwu.
1.      Nyai Giri Wasiyat
2.      Panembahan Dhudha Kewasa putra
3.      Kyai Jaga Wedana Wayah
4.      Kyai Jaga Wedana Kalingsingan putra
5.      Kyai Jaga Wedana Pucang putra
6.      Kyai Karta Wedana Wayah
7.      Kyai Krama Yuda
8.      Nyai Wirangin Winong
9.      Kyai Marta Diwangsa Bad Karya
10.     Nyai Wertinggiling Sigong

Kyai Wirong petinggi atas murid, Pangeran Pandhita ribug, jaler estri Kyai Masigit asal Mentaram, Kyai Ragil Putra, Nyai Rubiyah putra Sibongga
Kacariyos pasareyanipun Kyai Rubiyah Wokar kasarehaken ing Badakarya

Pesareanipun Para Maw Dalaga
1.      Kya Sarungsi, Kyai Masigit, Kyai Mantu, Kyai Gunung Arum sumare ing dhusun Tangkisan
Pundhen ing dhusun Bundaran (Wanadadi)
1.      Kyai Dipakumitir Putra kakung
2.      Kyai Brajasuta
3.      Kyai Nanggul
Pundhen ing dhusun Bondol
1.      Kyai Anggakusuma kakung putri
2.      Kyai Surdida

Pundhen ing dhusun Karangasem
1.      Kyai Nurdita ping 2 kakung putri
2.      Kyai Ibrohim
3.      Kyai Kaji Ibrohim
4.      Kyai Mujan

Sumare ing Pawelutan
1.      Kyai Pawelutan kakung putri

Sumare ing Medayu
1.      Kyai Santri Bangsa Mertapa
2.      Raden Yudakusuma sedaya sangking Raden Ayu

Ingkang saking Mas Ajeng Batang 4
1.      Mas Ageng Anom tedhak saking pasinggangan
2.      Mas Ageng Mertayuda
3.      Mas Ageng Cakra Wedana, nalika sumanten ing Banyumas tasih sanget kanggenan landi bogis, kabeh nanging dereng wonten landi ing nalika tindak dalem panjenenganipun. Kangjeng Sunan Bagus Pecak sapisan karawuhan wandra nami Marsekalek, Raden Tumenggung dipun ngasataken kendel saking pandamelan gantos Raden Toyakusuma priyantun saking nagari namung 6 ungsum. Laminipun kendel lajeng kagantos Raden Gandakusuma dados gantos gantos nami Yudanegara.

Raden Yudanagara putra 3 ingkang sepuh nami Raden Gandakusuma nunten Raden Sujelmi
Nalika semanten Raden Tumenggung karawuhan jendral nunten raden tumenggung dipun kendelaken kagantos dateng Raden Tumenggung Bragadiningrat kaliyan cakra wedana nuju palihan, nagari kasepuhan kangeman.

7 komentar:

Fatkhul amin mengatakan...

@Ananda saya dapat manuskrip dari juru kunci makam sedologi, untuk manuskrip yg lain saya kurang tahu

typeX mengatakan...

mas Fatkhul, njenengan dpt manuskrip tsb di daerah Sarean Desa Petambakan kah ?
itu "Sedologi" apa "Sedoloji" ?

semuthitampemenang mengatakan...

apakah merta wijaya itu pernah tinggal di kotagede??karena ada catatan suluk kotagedhe yang diprakarsai krama wijaya dan merta wijaya.Makasih.

Ibnu nur achmad mengatakan...

Manuskrip ngawur....
Mana tahun kejadianya??? Njenengan dpt referensi dr mana??? Jelas salah krn dr era giri kedaton jelas masa demak bintoro, wirasaba era pajang dan yudhanegara era mataram. Era mataram itupun sudah jauh melalui 4 generasi yaitu Eyang Panembahan Sebopati, Sultan Hanyokrowati, Sultan Agung Hanyokrokusumo dan Amangkurat Agung/Amangkurat I. Mohon segera dihapus manuskrip ini agar tidak merusak sejarah dan tidak menimbulkan kebingungan bagi masyarakat yg awam sejarah

Ibnu nur achmad mengatakan...

Manuskrip ngawur....
Mana tahun kejadianya??? Njenengan dpt referensi dr mana??? Jelas salah krn dr era giri kedaton jelas masa demak bintoro, wirasaba era pajang dan yudhanegara era mataram. Era mataram itupun sudah jauh melalui 4 generasi yaitu Eyang Panembahan Sebopati, Sultan Hanyokrowati, Sultan Agung Hanyokrokusumo dan Amangkurat Agung/Amangkurat I. Mohon segera dihapus manuskrip ini agar tidak merusak sejarah dan tidak menimbulkan kebingungan bagi masyarakat yg awam sejarah

Rendi mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Sitampan mengatakan...

Ga usah ribut bro... Kalau mau belajar sejarah... Tanya ahlinya prof. Sugeng UMP Purwokerto... Nek mau belajar...