Kamis, 27 November 2008

TEH POCI


Teh Tegal (sing lewih dikenal karo jeneng teh poci; uga teh Slawi) kuwe teh sing khas sekang Tegal, Indonesia. Teh kiye aromane khas tur rasane rada sepet.

Kebiasaan ngombe teh poci utawa moci uwis jadi tradisi kanggone wong Tegal, kiye disebabake pertumbuhan pabrik-pabrik teh ning Tegal tahun 1930-an sing nyebabkna timbule tradisi kuwe. Ngombe teh jadi gencar sing jamane kolonial tekan saiki uga uwis dadi budaya lokal. Hidangan ombenan kiye disajikena karo gula batu tur luwih pase nek dimbe pas esih anget rada panas.

Ana istilah teh poci "WASGITEL" sing artine WAngi, panaS, leGI, lan kenTEL.(wikipedia)

0 komentar: